Rabu, 17 Agustus 2011

WIJINING ILMU MAKRIFAT

''SEJATINE ORA ONO OPO-OPO,AWIT DUK MAKSIH AWANG-UWUNG DURUNG ANA SAWIJI-WIJI,KANG ANA DHINGIN IKU INGSUN,ORA ANA PANGERAN ANGING INGSUN,SAJATINE DAT KANG AMAHA SUCI,ANGLIPUTI ING SIPATING-SUN,ANARTANI ING ASMANING-SUN,AMRATANHANI ING APNGALING-SUN''
         Menggah dununging makaten:Ingkang angandhika sajating dzat kang Amaha Sucipunika,inggih gesang kita pribadi,sayekti katitipan rahsaning Dzat kang Maha Agung,angkliputi ing sipat punika,inggih rupa kita pribadi,sayekti kaimbuhan warnaning Dzat Kang Elok.Anartani Asma punika inggih nama kita pribadi,sayekti kaaken sesebutaning Dzat kang Wisesa.Amrantandhani apngal punika,inggih solah bawa kita pribadi,sayekti anelakaken pakartining  Dzat kang Sampurna.Mila babasanipun wahananing Dzat punika anyamadani sipat,sipat punika anartani asma,asma punika amratandhani apngal,apngal punika dadaos warananing Dzat.
  Dene Dzat anggenipun amyamadi sipat punika,upami kadi madu lawan manisipun,yekti boten kenging kapisahna.Dene sipat anggenipun anartani Asma punika,upami dadi paesan ingkang angilo lawan wewayanganipun,yekti solah-bawanipun ingkang angilo wawayangan wau tumut kemawon,dene apngal anggenipun dados wahananing dzat,upami kadi samudra lawan ombakipun,yekti wahananing ombak manut sarehing samodra.
    

1 komentar:

Posting Komentar

Terimakasih sudah mampir di blog ini, Silahkan tinggalkan komentar..